17 Agustus, 2009

Sejarah Djin, Nabi sarta 'Arab, Benggala sarta Jawa

Sejarah Jin
Jejer :
0. Sang Parijan, apeputra San Jan;
Turun :
1. Sang Jan : speputra Sang Prabu Adajali ing Dewata;
2. Sang Prabu Adajali ing Dewata, apeputra Sang Prabu Andakara;
3. Sang Prabu Andakara, apeputra 29.
Putra angka :
1. Sri Palija;
2. Sri Jumingah;
3. Patih Parwata;
4. Jampina, warna buta sumpung;
5. Sang Barih, warna awak ula srah uwong;
6. Sri Jaminah;
7. Prabu Rawangin, peputra Dewi Rawati, kagarwa Sang Hyang Nurrasa;
8. Prabu Min;
9. Prabu Minang, ratu manuk;
10. Prabu Palitu;
11. Prabu Samapiyun, warna celeng putih;
12. Prabu Mahalitu, warna Gajah;
13. Prabu Namrut jejuluk Prabu Aija, peputra Retno Saoti, kagarwa Sang Hyang Wenang;
14. Prabu Krida;
15. Prabu Nurradi, peputra Dewi Nurrini, kagarwa Sajid Anwar kang jejuluk Sang Hyang Nurcahyo;
16. Prabu Paswaka;
17. Sang Dalungan;
18. Patih Amir;
19. Sakalitu, warna kucing;
20. Sakiyata, warna macan;
21. Sang Wudus, warna Gajah;
22. Sang Puk, warna buta;
23. Sang Aswa, warna jaran;
24. Prabu Salurahan, warna buta;
25. Prabu Palat, warna Bajing;
26. Prabu Paletak, warna tikus;
27. Prabu Alpat;
28. Prabu Kuswaka;
29. Prabu Dahri, warna yuyu, peputra Dewi Rekatawati, kagarwa Sang Hyang Tunggal.

Sejarah Nabi Sarta ‘Arab
Jejer :
0. Bebuka Kanjeng Nabi Adam, garwa Sitti Kawa, apeputra Kanjeng Nabi Sis.
Turun :
1. Kanjeng Nabi Sis, garwa widadari asma Dewi Sitti Mulat, apeputra 2 :
a. Sayid Anwas, nurunake Nabi sarta Arab;
b. Sayid Anwar, nurunake Benggala sarta Jawa, (kaya kang kasebut ing sejarah Benggala sarta Jawa).
2. Sayid Anwas, peputra Sultan Kinan;
3. Sultan Kinan, Peputra Sultan Manail;
4. Sultan Manail, peputra Sultan Barat;
5. Sultan Barat, peputra Kanjeng Nabi Edris;
6. Kanjeng Nabi Edris, peputra Sultan Mun tawal;
7. Sultan Muntawal, peputra Sultan Lemah;
8. Sultan Lemah, peputra Nabi Nuh Sayid Sam;
9. Nabi Nuh Sayid Sam, peputra Sang Prabu Irparsat;
10. Sang Prabu Irparsat, peputra Baginda Saleh;
11. Baginda Saleh, peputra Sayidin ‘Anbar;
12. Sayidin ‘Anbar, peputra Kanjeng Sultan Rangu;
13. Kanjeng Sultan Rangu, peputra Sang Prabu Susuruh;
14. Sang Prabu Susuruh, peputra Sayidin Kur;
15. Sayidin Kur, peputra Sang Patih Najar;
16. Sang Patih Najar, peputra Kanjeng Nabi Ibrahim;
17. Kanjeng Nabi Ibrahim, peputra Kanjeng Nabi Isma’il;
18. Kanjeng Nabi Isma’il, peputra Sayidina ‘Ujar;
19. Sayidina ‘Ujar, peputra Sayidin Malar;
20. Sayidin Malar, peputra Sayidin Ilyah;
21. Sayidin Ilyah, peputra Sayidin Malrikah;
22. Sayidin Malrikah, peputra Sayidina Kangat;
23. Sayidina Kangat, peputra Sayidina Marah;
24. Sayidina Marah, peputra Sang Prabu Kalap;
25. Sang Prabu Kalap, peputra Sayidina Kasa;
26. Sayidina Kasa, peputra ‘Abdu’lmanab;
27. Abdu’lmanab, peputra Kanjeng Baginda Sim;
28. Kanjeng Baginda Sim, peputra ‘Abdu’lmuntalip;
29. ‘Abdu’lmuntalip, peputra ‘Abdu’llah;
30. ‘Abdu’llah, peputra Kanjeng Sayidina Maulana (Gusti Rasul),
31. Kanjeng Sayidina Maulan (Gusti Rasul), Garwa Sitti Aminah, peputra Dewi Sitti Fatimah;
32. Dewi Sitti Fatimah, kagarwa Baginda ‘Ali, peputra Sayidin Kusen;
33. Sayidin Kusen, peputra Sayidin Maulana Zainal ‘Abidin;
34. Sayidin Maulana Zainal ‘Abidin, peputra Sayidin Maulana Zainal ‘Alim;
35. Sayidin Maulana Zainal ‘Alim, peputra Syeh Zainal Kabir;
36. Syeh Zainal Kabir, peputra Syeh Namudini’lkabir;
37. Syeh Namudini’lkabir, peputra Syeh Namuju’ldini’lkobra;
38. Syeh Namuju’ldini’lkobra, peputra Syeh Sema’un;
39. Syeh Sema’un, peputra Syeh Chasan;
40. Syeh Chasan, peputra Syeh ‘Abdullah;
41. Syeh ‘Abdullah, peputra Syeh ‘Abdu’rrahman;
42. Syeh ‘Abdu’rrahman, peputra Syeh Maulana Mahmuddini’lkabir;
43. Syeh Maulana Mahmuddini’lkabir, peputra Kanjeng Maulana Syeh Maulana Mahmuddini’lkobra;
44. Kanjeng Maulana Syeh Maulana Mahmuddini’lkobra, peputra Kanjeng Maulana Iskak;
45. Kanjeng Maulana Iskak, peputra Syeh Wali Lanang;
46. Syeh Wali Lanang, peputra Sang Prabu Satmata (Susuhunan Giri Sapisan);
47. Sang Prabu Satmata (Susuhunan Giri Sapisan), peputra Susuhunan Giri Kapindo;
48. Susuhunan Giri Kapindo, peputra Pangeran Saba;
49. Pangeran Saba, peputra pawestri, kagarwa Kiai Ageng Mataram;
50. Pawestri garwane Kiai Ageng Mataram, peputra Panembahan Senapati Inggalaga Mataram.

Kiai Ageng Mataram mau ing ngarep asma Bagus Kacung, banjur asmaKiai Ageng Pamanahan, sabanjure asma Kiai Ageng Mataram, garwane turun 50 saka Kanjeng Nabi Adam.

Sejarah Benggala sarta Jawa
Jejer :
0. Bebuka Kanjeng Nabi Adam, garwa Sitti Kawa, apeputra Kanjeng Nabi Sis.
Turun :
1. Kanjeng Nabi Sis, garwa widadari asma Dewi Sitti Mulat, apeputra 2 :
c. Sayid Anwas, nurunake Nabi sarta Arab;
d. Sayid Anwar, nurunake Benggala sarta Jawa, (kaya kang kasebut ing sejarah Benggala sarta Jawa).
2. Sayid Anwar, asmane Dewa jejuluk Sang Hyang Nurcahya, krama Putri Jin asma Dewi Nurrini, banjur peputra Sang Hyang Nurrasa;
3. Sang Hyang Nurrasa, garwa asma Dewi Rawati, Putri Jin, peputra Sang Hyang Wenang;
4. Sang Hyang Wenang, garwa asma Dewi Retna Saoti, Putri Jin, peputra Sang Hyang Tunggal;
5. Sang Hyang Tunggal, garwa asma Dewi Rakti, kasebut Rekatawati, Putri Jin, peputra Sang Hyang Guru;
6. Sang Hyang Guru, garwa asma Dewi Uma, peputra Sang Hyang Brahma;
7. Sang Hyang Brahma, garwa asma Dewi Rarassati, peputra Sri Brahmana Raja;
8. Sri Brahmana Raja, garwa asma Dewi Sri Una, peputra Tritrusta ing Gilingaya;
9. Tritusta ing Gilingaya, garwa asma Dewi Retna Diwati, peputra Prabu Parikenen;
10. Prabu Parikenen, garwa asma Dewi Bramaneki, peputra Resi Manumanasa;
11. Resi Manumanasa, garwa asma Dewi Retnawati, peputra Resi Sakutrem;
12. Resi Sakutrem, garwa asma Dewi Retna Nilawati, peputra Raden Sakri;
13. Raden Sakri, garwa asma Dewi Sakti, peputra Prabu Palasara ing Ngastina;
14. Prabu Palasara ing Ngastina, garwa asma Dewi Durgandini, peputra Prabu (Bagawan) Bjasa;
15. Prabu (Bagawan) Bjasa, garwa Dewi Ambika, peputra Prabu Pandu Dewanata;
16. Prabu Pandu Dewanata, garwa asma Dewi Kunti Nalibrata, peputra Raden Premadi;
17. Raden Premadi, garwa asma Dewi Wara Sumbadra, peputra Raden Angkawijaya;
18. Raden Angkawijaya, garwa Dewi Utari, peputra Prabu Parikesit ing Ngastina;
19. Prabu Parikesit ing Ngastina, garwa asma Dewi Tapen, peputra Prabu Yudayana ing Ngastina;
20. Prabu Yudayana ing Ngastina, garwa Dewi Gendrawati, peputra Prabu Gendrayana;
21. Prabu Gendrayana, garwa asma Dewi Padmawati, peputra Jayabaya ing Kediri;
22. Prabu Jayabaya ing Kediri, garwa asma Dewi Sara, peputra Jayaamijaya ing Kediri;
23. Prabu Jayaamijaya ing Kediri, garwa asma Dewi Satapi, peputra Jayaamisena ing Kediri. Sabanjure nurunake para Nata ing Majapahit.

Babad Tanah Djawa, Gancaran
Kawiwitan saka Karaton Blambangan kang nunggal jaman karo majapahit tumeka Demak lan Pajang
Cap-capan kapindo
Kaimpun dening Wiryapanitra
Toko Buku “SADU-BUDI” Sala,
Bebuka 1 Oktober 1945

Tidak ada komentar:

Posting Komentar